Handrawan Nadesul

Handrawan Nadesul (Gouw Han Goan) (lair ing Karawang, Jawa Barat, 31 Dhésèmber 1948; umur 75 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan saking Indonésia ingkang ugi misuwur minangka dokter lan panyerat buku-buku kesehatan, sastra nyerat artikel ing kalawarta wanita. Awit saking kaprigelanipun, Handrawan ugi asring dipunulemi ing adicara seminar, wawan rembag, lan televisi. Pakaryanipun awujud geguritan sampun dipunmot ing ariwarta lan kalawarta awit taun dasawarsa1970-an. Namanipun kalebet minangka salah satunggal sastrawan ingkang ndhèrèk ngadegaken Komunitas Negeri Poci, taun 1993, sesarengan Piek Ardijanto Soeprijadi, Adri Darmadji Woko, Kurniawan Junaedhie, Prijono Tjiptoherijanto, Oei Sien Tjwan, Widjati, Rahadi Zakaria, Rita Oetoro, Syarifuddin A.Ch, Dharnot, B. Priyono Soediono, Eka Budianta, lan Rita Oetoro.[1][2][3][4] Taun 2000, Handrawan Nadesul nampi bebungah Piagam Penghargaan saking Mantri Kesehatan RI Dr. Achmad Sujudi minangka Panyerat ing Ariwarta Peduli Kasehatan.

  1. Kompas Cetak: Handrawan Nadesul, Dokter "Spesialis Umum" Archived 2008-09-14 at the Wayback Machine.
  2. Teras Bintang: Dari Negeri Poci 7 Mari Menuju “Negeri Awan”[pranala mati permanèn], kapundhut 21 Mèi 2017
  3. Perwara: Tegal, dari Negeri Poci ke Negeri Awan, kapundhut 21 Mèi 2017
  4. Pantura News: Tegal Layak Dijuluki Ibu Kota Penyair Indonesia, kapundhut 21 Mèi 2017

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy